contoh kalimat pembukaan dan penutup pada pawarta
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban tessy
Gawea ukara pambuka lan panutup ing pawarta!
Jawaban
Pendahuluan
Pawarta utawa pawartos yaiku berita/kabar/informasi ingkang anyar, lan bener. Pawarta menika biasanipun diberitakae ing media cetak lan elektronik. Pawarta ingkang becik yaiku sing kalebet ing njerone 5W + 1H, beritane aktual, wigati, faktual, lan, Narik Kawigaten.
Pembahasan
Pawarta ingkang becik, yaiku pawarta ingkang miduweni unsur 5W + 1H, tegese :
- What, (apa) ingkang didadosake berita utama.
- When, (kapan) yaiku wektune kedadean peristiwa.
- Where, (nangdi) yaiku panggone kedadean peristiwa.
- Who, (sapa) yaiku paraga ingkang nglakoni peristiwa.
- Why, (kenapa) yaiku panyebab peristiwa.
- How, (kapriye) yaiku proses utawa urutan peristiwa.
Tuladhane Cerita berita utawa pawarta ingkang nganggo 5W+1H, yaiku :
PAMBUKA PAWARTA
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng Enjing para pamiarsa, kepanggihan malih kalih kula Tessy ing Pawarta Brainly. Ingkah badhe ngaturaken pawarta babagan Gugur Gunung ing Pogung Kidul. Sumangga dipirsani pawarta punika.
ISI PAWARTA
Gugur Gunung
Dinten Minggu warga padukuhan Pogung Kidul, Melati Sleman ingkang rancak inggih para pria tumut kerja bakti ndamel Paving Konblock. Konblock menika dipun ndamel saking campuran pasir lan semen ingkang saklajengipun dipuncetak lan dipepe ngantos garing. Ketua RW Pogung Kidul Purwantho mratelaken kerja bakti kados mekaten inggih ajek ditindakaken saben Minggu. Dene ancasipun inggih kangge nggantos konblock ingkang risak dateng sakuruting margi ing padukuhan. Awit ngiwatosipun ragat, pramila warga gotong royong ndamel konblock dene ragatipun dipundutaken saking iuran warga padukuhan Pogung Kidul ing saben wulanipun.
PENUTUP PAWARTA
Mekanten ingkang saged kawula aturaken, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten. Matur Nuwun, Wassalamualaikum Wr.Wb
Kesimpulan
PAMBUKA PAWARTA
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng Enjing para pamiarsa, kepanggihan malih kalih kula Tessy ing Pawarta Brainly. Ingkah badhe ngaturaken pawarta babagan Gugur Gunung ing Pogung Kidul. Sumangga dipirsani pawarta punika.
PENUTUP PAWARTA
Mekanten ingkang saged kawula aturaken, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten. Matur Nuwun, Wassalamualaikum Wr.Wb
Pelajari Lebih Lanjut :
- Pawarta Bahasa Jawa singkat, waca ing brainly.co.id/tugas/2042135
- 4 Jenis Pawarta, waca ing brainly.co.id/tugas/6075304
- Ciri-ciri pawarta, waca ing brainly.co.id/tugas/1312477
Detail Jawaban
Kelas : X
Kategori : Pawarta Basa Jawa
Kode : -
Kata Kunci : Tuladha Pawarta, Pawarta Basa Jawa, Krama Alus.
Pertanyaan Lainnya