B. Daerah

Pertanyaan

Tolong ya. contoh cerkak pendek

1 Jawaban

  • Cerita Cekak Bahasa Jawa: Pithik Walik dan Kelinci
    Mbak Dewi, juragan Bakso nduwe Pithik Walek seng seneng ngomong lucu-lucu karo konco-koncone. Menowo saben ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesti gawe cerito-cerito ndagel nganthek koncone kui mau podo ngguyu kemekel.
    Dheweke kadang-kadang ngarang cerito pengalamane seng aneh-aneh seng durung tau dialami karo pithik liyane. Misale lelungan numpak manuk wulung bar kui terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan seng tukul neng nduwur mega.
    Kadang-kadang juga Pitik Walik gawe tingkah laku seng lucu koyo badut yen pas kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik seng liyane podo seneng menowo lak kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesti podo ditanggapi supoyo ngomong seng aing-aing.
    Sawijining ndino Pitik Walik lungo adoh, terus ndelek nang njero guwo Slarong karo nangis, nangise nganti nggero-nggero jan ngantek krungu dening Kancil sing jek neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo.
    “Kowe ki ngopo tho kok nangis Tik Pithek Walik” pitakone Kancil
    “Aku iki jek sedih banget cil kancil. Aku iki bedo karo pithik-pithik liyane. Wuluku iki kwalek koyo ngene, gek ora rapi koyo pithik liyane neh”
    “Wis rapopo ra sah sedih. Gor masalah wulu kok ndadak digawe mumet. Aku lo malah ora nduwe wulu blas!” jawabe si Kancil
    “Aku kesel kancil. Aku kesel banget saben dino kudu ngarang cerita seng aneh-aneh ben podo gelem cedhek karo aku. Konco-konco mesthi podo ora gelem srawung karo aku seng wulune aneh lek gak aku ora iso gawe ngguyu dee”
    “Woooo lak ngunu kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu konco-koncomu yo podo seneng cedhek karo kowe kok. Malah akeh seng seneng menawa kowe gelem ngrungokke ceritane liyane.
    Salah menawa awakmu ngiro-ngiro kudu lucu utawa ngomong seng menarik perhatian ben iso ditresnani liyane” celathune Kancil
    “Ho’oh po? Aku rasah kudu saben dino ndagel ben iso disenengi dening konco-koncoku?”
    “Laiyo rasah lah! Mbak Dewi juraganmu kae malah sering makani aku, arepo uduk dadi ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel yo iso nduwe konco akeh kok!.
    Seng penting ki kowe seneng tetulung marang koncomu lan gelem ngrungokke pendapate koncomu kabeh. Seng luwih utama kui ora pakewuh ngandani koncomu bab kebenaran lan tumindak seng keliru” nasehate Kancil
    “Tak rungokke bener kandhamu Kancil. koncomu iku akeh banget, luwih akeh timbang koncoku arepo kowe ora iso nglucu. Wah tiwas aku rumongso mesti kudu ndagek wae pas lagi kumpul karo konco-koncoku.
    Rumangsaku nek aku ora iso nggawe dee guyu bakal ditinggal karo konco-koncoku”
    “Ora Walik!. Ora bakal kowe ditinggal karo konco seng apik-apik. Kowe saiki uripo seng normal wae koyo aku. Ngomong lucu ya rapopo, meng ora usah digawe-gawe. Mesthi okeh wong liyo sing cocok karo kowe” jare Kancil
    “Yoh wes nek ngono, aku tak rasah mekso awakku kudu ndagek meneh. Aku arep opo onone wae. Aku uga wis kesel banget ndadak ndagel saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe emang koncoku seng paling wicaksono” celathune Pithik Walik karo rupa sumringahe.
    Wiwit dino iku Pitik Walik wes ora eneh mekso awake ndagel terus tiap dino. Awale pitik-pitik liyane do gumun kok Pitik Walik saiki perilakune bedho. Nanging suwe-suwe koncone kui mau malah tambah akeh mergo Pitik Walik saiki seneng ngrungokke omongane pithik-pithik liyane.

Pertanyaan Lainnya